CONTOH (TULADHA) PRANATACARA PENGAJIAN (PENGAOSAN)




Assalaamu’alaikum Wr.Wb
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Ustadz (Nama orang yang bersangkutan).
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala (Nama Desa/Dusun/RT/RW dan Nama orang yang bersangkutan).
Ingkang kinabekten Takmir (Nama Masjid/Mushola dan Nama orang yang bersangkutan).
Ingkang kula hormati Ketua (Nama jabatan Panitia/Remaja Masjid/Pemuda Ansor/ dan Nama orang yang bersangkutan) saha para bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.
Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan sadaya panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kula lan panjenengan sadaya pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kula lan panjenengan sadaya saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kula lan panjenengan sadaya raosaken sak meniko, saha ingkang kula lan panjenengan sadaya antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.
Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicara, badhe maosaken susunan acara wonten dalu menika:

Adicara kaping setunggal inggih meniko : Pambuka
Adicara kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicara kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicara kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng aken Do’a
Adicara kaping gangsal inggih meniko : Penutup


Acara kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acara wonten ing dalu puniko kula lan panjenengan sadaya bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.
Adicara kaping kalih enggeh puniko waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining
(Nama orang yang bersangkutan).
kalian (Nama orang yang bersangkutan), wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Adicara ingkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:
Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua (Nama jabatan Panitia), dumateng panjenenganipun (Sdr/i dan Nama orang yang bersangkutan).
wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala (Nama Desa/Dusun/RT/RW), dumateng panjenenganipun (Nama orang yang bersangkutan) wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir( Nama  Masjid/mushola), dumateng panjenenganipun (Nama orang yang bersangkutan), wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Adicara kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Ustadz (Nama orang yang bersangkutan) saking (Nama Desa/tempat asal pembicara), wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Adicara kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acara pengaosan wonten ing dalu puniko kula lan panjenengan sadaya tutup kanthi waosan hamdallah.
Mekaten saking kawulo menawi wonten atur ingkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kula nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PELACAKAN PENANGGALAN JAWA

Penanggalan Online Ki-demang.com : Sutresna Jawa...