NULIS AKSARA JAWA

Siji maning kie lur. Wingi kan wis sharing bab Nulis Arab, siki KURMA arep bahas bab tulisan Jawa. Siki perkenalan tulisan Jawa kayana mung neng sekolahan thok apa ya, padahal dewek sing statuse wong Jawa kudune ya paham tulisan Jawa. Mergane tulisan Jawa ya termasuk identitas e wong Jawa. Logikane wong Jawa ya mestine ngerti tulisan Jawa angger ora ngerti ya mbok diragukan status Jawa ne. Deleng  bae si wong Cina mbok sing akeh-akeh pada paham tulisan cina, wong Korea paham tulisan Korea, wong Jepang paham tulisan Jepang, wong India ya pada bae pada paham maring tulisane dewek, malah tulisan-tulisane mau eksis tekan jaman modern, nganti bisa disematna neng peralatan elektronik misale smartphone. mbok maen bangettt.

Dewek wong Jawa mbok bae duwe tulisan dewek tapi koh malah mbusleeng ya gkgk ... Boro-boro mlebu smartphone paham Bae ora hahaha 😂 ... Angger Hanacaraka sih rata-rata wong Jawa tah ya apal tapi angger Kon nulis kayane gedeg-gedeg.

Mulane Mayu lurr pada Sinau maning, arep keprime-primena tulisan Jawa ya identitase wong Jawa titik mendinga ya ngertilah. Nah kebenaran banget kie lur Sekang dinas kebudayaan Jogjakarta ngrilis software utawa aplikasi sing bisa nggo nulis aksara Jawa hanacaraka. Neng aplikasine wis dipermudah koh lur, dewek nulis kalimat apa bae bisa dikonversi dadi huruf/tulisan Jawa.


Neng njero aplikasi wis pepek jipek malah  ana kuise sing kena nggo ngetes pemahamane dewek Maring penulisan Jawa. Tapi senajan aplikasi hanacaraka kue bisa konversi huruf latin maring huruf Jawa, tetep bae dewek kudu paham kaidah penulisan huruf Jawa ya lurr. Kaidahe apa bae ya mayu pada disinauini bareng nyong bae ora paham koh. Tapi sing jelas ana hubungannya Karo istilah homonim, homofon Karo homograf.
Misale:
Bebek Karo Bebek. Bebek (Kewan) Karo Bebek (Nutu) tulisane beda
Lanjaran Karo Lan jaran tulisane ya beda
Sing jelas neng kaidah penulisan huruf Jawa ana tanda pembuka kalimat mirip tanda kutip neng tulisan latin. Angger ora salah jenengane adeg-adeg apa ya 😀 nyong bae mrayang-mrayang wong sinaune gimiyen wektu SMP 😄😅😆

Ya wis lurr langsung bae mayu pada Sinau kie aplikasine   " HANACARAKA " link Alternatif1Alternatif 2
Pelengkap tipe font/model huruf Aksara

Cara penulisan aksara Jawa neng Microsoft Word



Teknik menghafal Aksara Jawa







Sumber :

Wawasan Dunia Blog
Omah Ngelmu
Cantrik

BONUS:
Konversi huruf Latin ke aksara Jawa versi Android (apk)
Nulis Aksara Jawa



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PELACAKAN PENANGGALAN JAWA

Penanggalan Online Ki-demang.com : Sutresna Jawa...